SMS Ucapan Hari Raya Idul Fitri Bahasa Jawa

Sabtu, 06 Agustus 2011

ucapan idul fitri bahasa jawa
Srengenge Idul Fitri anggawa pangarep-arep,
silaturahim kanggo lantaran rumakete ati.
Kita sedaya caos pangapura kanthi mantep
nglaleake kalepatan liyan gawe tentreme ati...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Paijem gadhah Fiat.
Diagem touring dateng Banten.
Dalem kathah lepat,kerso paring agenge pangapunten...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Nagara tentrem amarga para satria pinandhita,
bengi shalat tahajud, awan sregep makarya.
Sugeng riyadi, sedaya kalepatan kula nyuwun pangapura
Latihan pasa sewulan mugi kita dados manungsa takwa....
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Dinten meniko dinten bakda riyadi
Kulo menawi gadhah kalepatan
ingkang disengaja lan boten disengaja
dumateng panjenenagan sak kulawarga
kulo nyuwun agenging samudro pangaksami...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Juminten mbeber kloso,
Dodol kupat ngarep gapuro.
Wonten dinten riyoyo, menawi lepat kulo nyuwun ngapuro.
Mugi-mugi Allah maringi pepadang kagem sedoyo...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Mlaku-mlaku ning Malioboro
Menawi sayah numpak becak luwih sekeca
Sugeng riyadi kagem panjenengan sedaya
Sagung kalepatan nyuwun diparingi pangapura
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Mangan kopat karo mangan apem
gadhah lepat nyuwun pangapunten...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Sucineng ati, tumatining laku,
ngaturaken SUGENG RIYADI
bilih wonten kalepatan nyuwun agungi samudro pangaksami...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Kulo nyuwun gunging pangapunten sedanten kalepaten lahir dumugi ning batos boten langkung ngaturaken sugeng Iedul Fitri,
mugi Gusti Allah Ingkang Kuoso paring ridho lan rahmatipun dumateng kito sedoyo.
Amien…
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Pitik kate rupane putih
Pitik alas rupane coklat
Idul Fitri ati manungsa bali putih
hawa-nafsu dikendali kanthi tobat...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

ucapan selamat hari raya idul fitri jawa

Mangan sate sak gulene, sego megono bumbu kemiri
kapan wae lebarane, sugeng riyoyo idul fitri
tumbar merico kecap asing
Nyuwun ngapuro lahir lan batin...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Cangkem iki sering nggedabrus,
utek iki sering mikir sing elek.
Minal aidzin wal faidzin. Mohon maaf lahir batin...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Mbok Setro bakul tempe
gawe sehat wong sak erte
marga tempe akeh proteine
Lebaran ora kudu ganti hape
sing penting kendali diri ora nggape
hawa-nafsu sing nggugu karepe dewe...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Ngaturaken wilujeng Idul Fitri 1429 H.
Nyuwun gunging pangapunten.
Mugi kito kanugrahan jatining fitrah saking gusti ingkang Maha Pemurah. Amin...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Gunung Merapi, Gunung Merbabu,
tansah jejer kaya sedulur kembar
Aku sing wis tau nglaraake atimu
njaluk samudra pangapuramu kang jembar...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Gunung Merapi rupane biru
dicedaki dadi ijo wit-witan cemara
Menawi kula gadhah keliru
nyuwun agenging samudra pangapura...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Numpak andhong ning Kotagedhe,
tuku ali-ali kagem eyang putri.
Bilih aku nduwe luput gedhe,
nyuwun kawelasan sampean ampuni...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Ning gunung ketur tuku bolah,
kanggo ndodomi sajadahe simbah
Dudu salahmu sing gawe susah,
nafsu amarahku sing gawe bubrah...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::




Reviewer: Unknown - ItemReviewed: SMS Ucapan Hari Raya Idul Fitri Bahasa Jawa Rating: 5
Kamu sedang membaca halaman tentang SMS Ucapan Hari Raya Idul Fitri Bahasa Jawa dan kamu bisa menemukan halaman SMS Ucapan Hari Raya Idul Fitri Bahasa Jawa ini dengan url http://masihmencatat.blogspot.com/2011/08/ucapan-idul-fitri-bahasa-jawa.html, kamu bisa menyimpan halaman SMS Ucapan Hari Raya Idul Fitri Bahasa Jawa ini jika bermanfaat untuk kamu jangan lupa untuk membagikan link SMS Ucapan Hari Raya Idul Fitri Bahasa Jawa kepada teman-teman kamu. Terima kasih... ^_^

Related Post


8 Comments:

swidodo_palm06@yahoo.co.id mengatakan...

Mangan gulo karo klopo
Uenake.. akeh sing podo suko
Iwak bubut iwak segoro
Iwak welut neng oro - oro

Sewulan kito nglakoni poso
Nindak ake dawuhe sing Kuoso
Kanggo nyambut dino Rioyo
Salah lan luput nyusun sepuro


Iwak bubut iwak segoro
Iwak welut neng oro - oro



[Reply to comment]

swidodo_palm06@yahoo.co.id mengatakan...

selamat menunaikan ibadah pusa


[Reply to comment]

piknik.yuk mengatakan...

tank gan lagi butuh gwe paste ya

[Reply to comment]

intannukhi mengatakan...

Aku paste ya mas:-)

[Reply to comment]

Unknown mengatakan...

gumlegere takbir kang kumandang tansah ngemutaken marang kita sami bilah kita katah lepat dateng sanak kadang,kanca ,sadulur uga sdaya kadang panguripan..mula ing wekdal riyoyo menika mangga kita tansah paring pangapura kanti lila legawa ing manah.

[Reply to comment]

Unknown mengatakan...

gumleger swara takbir tansah ngemutaken dumateng kita sami,bilih anggenipun gesang 1 th menika katah kalepatan engkang sengaja ugi kang mboten sengaja, mila saking menika mangga kita sdaya tansah paring pangapura kanthi lila legawane manah...

[Reply to comment]

terima kasih, banyak ucapannya bisa buat senjata nih pas idul fitri

[Reply to comment]

Zombie mengatakan...

Terima kasih buat Ungkapan Selamat Idul Fitri 1436 H yang cukup lengkap ini. Salam kenal dari admin Kabar Guruku sekalian ijin share beberapa kalimat Ucapan Idul Fitri Sambut Lebaran Lengkap dari laman ini.

[Reply to comment]

Posting Komentar

 
 
 
 
Copyright © 2009 - 2013 Masih Mencatat
Mixed template from: blogspot-templates.org